Kamis, 08 September 2016

Cerkak Boso Jowo "OYI SAM!!!"



Barang Antik
           
            Ing sawijing dina kang tentrem banget ana Hari sing jagongan ana pos kamling. Hari wis ana ing pos kamling wiwit isuk amarga ora ana sing ditandangi ana omahe. Ora suwe Hari ana ing pos kamling ana Pak Lurah sing uga marani ing pos kamling.
            “loh, Har ! esuk esuk wis ana ing kene” pitkon pak lurah.
            “inggih pak. Ing nggriya mboten wonten penggawean” wangsulane Hari
            “loalah. Nganggur to? Tinimbang ana kene. Aku nduwe penggawean kanggo sampean. Sampeyan gelem?”
            “inggih pak purun tinimbang kulo nganggur”
            “yo wis lak ngunu ayo melu aku menyang omah”
Hari langsung ngiyani amarga Hari nganggur, lan biasane saben pak urah ngongkon Hari mesti disangoni karo Pak Lurah di ngge atur panuwun amarga wis ngewangi Pak Lurah.
            Ing tengah laku ing omahe Pak Lurah, Hari takon ngenani apa sing arep ditugasake menyang deweke.
            “penggawean napa pak sing saget kula lakoni?” pitakon Hari
            “ngene lo Har, mariki aku ana rapat ing kecamatan. Rencanane aku arep resik-resik gudang ing omahku, amarga aku arep ngedol barang antik sing ana ing gudang sing akeh rosokane, amerga barang antikku kuwi arep dituku karo kolektor barang antik sing teko jakarta. Lha aku   njaluk tulung sampean kanggo resik-resik gudang” wangsule Pak Lurah sinambi cerita.
Hari ngrungokne sinambi ngukur-ngukur sirahe amarga bingung.
            “barang antik niku napa to Pak?” pitakon hari sinambi ngukur sirah amarga bingung
            “eeee, sampeyan gak ngerti to? Barang antik kuwi barang lawas sing kena didol maneh” wangsule pak lurah.
“oooo..” wangsule Hari sinambi mantuk-mantuk tondho wis rodok ngrti.
Sinambi omong-omongan, ora krasa Hari wis teka ing omahe Pak lurah.
“iki Har kuncine gudang, sampean bukak dewe. Mengko sampeyan pisah antarane barang rosokan lan barang antik. Barang antike sampean resiki lan barang rosokan liyane pn guwak utawa sampean bong wae. Tak tinggal sek merga aku wis telat Rapat ana kecamatan”
Pak Lurah langsung budhal ing kecamatan nitih sepeda motore. Lan Hari Lngsung mlebu omahe pak lurah lan mbukak gudang sing arep diresik ii.
            Tekan gudange Pak Lurah Hari Langsung mbukak lawang gudaang. Hari ngguumun amarga pak lurah nduwe gudang sing kebek barang-barang lawas.
            “akeh tenan barange Pak Lurah. Di wiwiti tekan endi iki?”
Hari langsung miwiti kerjone misah-misah barang ing gudang. Ing gudang Pak Lurah ana barang-barang bekas kayata sandal bekas, ban bekas, botol bekas, kardus-bekas lan sak panunggalanae. Ana uga patung-batung lawas lan guci-guci kuna.
                        “jare pak lurah mau barang antik kuwi barang lawas sing kena didol maneh. Sing endi ya sing kena didol maneh?” Hari nggolek ii barang-barang sing kena didol maneh kaya apa sing diperintahake Pak Lurah.
            “ooh, iki ana sandal-sandal bekas bekas isih iso dienggo, lan ana ban bekas iki isih iso ditambal lan dienggo maneh. kardus-kardus lan botol beks iki isih kena didol menyang rosokan” Hari langsung milihi barang-barang bekas sing ana ing gudnge pak lurah banjur didewkake.
            “terus iki ana patung-patung kuno di ngge opo? Dipajang yo diluk engkas wis gaprek. Lan guci lawas iki dingge pot kembang jelas pecah amerga lawas. Diguwak wae lah tinimbang ngebeki gudang” Hari langsung ndewekake guci lan patung kuno iku banjur dipecahi ngganggo palu terus duguwak.
Sinambi ngenteni Pak Lurah, Hari banjur nerusake kerjone ngresiki gudang lan ngeresiki barang sing dikarepake Pak Lurah.
            Pungkasane pak Lurah uwes muleh menyang omahe karo nggoceng wong yaiku kolektor barang antik teka jakarta sing arep tuku barang antike pak lurah.
            mana barang antik yang bapak bicarakan? Saya ingin melihtnya. Berapapun harganya saya akan membelinya karena mau saya pajang di pameran barang antik besok” kolektor barang antik sing wis ora sabar arep nuku barang antike Pak Lurah.
            barang antiknya ada di gudang pak, tapi saya juga sudah menyuruh orang untuk membersihkannya supaya bapak lebih tertarik. Mari masuk dan lihat barangnya pak” wangsule pak lurah sinambi mlebu menyang omah lan mrani Hari ing Gudang”
            “Har! Piye? Wes sampean pilihi barang antike?” pitakone pak lurah marang Hari
            “sampun pak. Sampun kula resiki pisan” wangsule Hari
Ananging tekan gudang pak Lurah tolah-toleh nggoleki barang antik sing dikarepke
            “loh Har! Endi barang antikku?” pitakone pak lurah bingung
            “lha niki Pak, wonten sandal-sandal sing isih saget panjenegan damel maleh, lan ban-ban niki saget panjenengan tambalaken. Lajeng botol-botol Lan kardus-kardus niki saget panjenengan dol ing bakul rosokan” wngsulane hari lugu.
Pak Lurah kaget amarga wangsulane Hari.
            “la lajeng guci-guci lan patung-patung kunaku endi?” pitakone pak Lurah sing wis kudu mureng-mureng
            “oo.. patung lan guci gaprek niku? Sampun kula resiki Pak. Kula pecahi banjur sampun kula guwak kersane mboten ngebaki gudange panjenegan” wangsule Hari lugu
Pak Lurah kaget kaya ksamber bledeg amarga wangsule Hari sing ngguwak guci lan patung kunone Pak Lurah.
            “waduuuuh biyuuung. Hariiii koplaaaak. Kuwi ngono barang antik sing arep tak dol menyang kolektor Jakarta, kuwi ngono regane puluhan juta duuuullll. Duh Gustiiiiii” pak Lurah langsung lemes amarga barang antike sing rega puluhan juta wis ilang amarga dipecahi Hari kang ora ngerti barang antik.
            “wah nggih ngapunten pak. Kula mboten mangertos” wangsule Hari lugu.
Pak Lurah lemes banjur langsung semaput ana gudang. Kolektor barang antik sing tekan jakarta bingung amerga Pak Lurah semaput. Hari uga bingung lan sing paling dibingungake Hari kenapa barang kang wis gaprek regane nganti puluhan juta.
           
           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar