Barang Antik
Ing sawijing dina kang tentrem
banget ana Hari sing jagongan ana pos kamling. Hari wis ana ing pos kamling
wiwit isuk amarga ora ana sing ditandangi ana omahe. Ora suwe Hari ana ing pos
kamling ana Pak Lurah sing uga marani ing pos kamling.
“loh, Har ! esuk esuk wis ana ing
kene” pitkon pak lurah.
“inggih pak. Ing nggriya mboten
wonten penggawean” wangsulane Hari
“loalah. Nganggur to? Tinimbang ana
kene. Aku nduwe penggawean kanggo sampean. Sampeyan gelem?”
“inggih pak purun tinimbang kulo
nganggur”
“yo wis lak ngunu ayo melu aku
menyang omah”
Hari langsung
ngiyani amarga Hari nganggur, lan biasane saben pak urah ngongkon Hari mesti disangoni
karo Pak Lurah di ngge atur panuwun amarga wis ngewangi Pak Lurah.
Ing tengah laku ing omahe Pak Lurah,
Hari takon ngenani apa sing arep ditugasake menyang deweke.
“penggawean napa pak sing saget kula
lakoni?” pitakon Hari
“ngene lo Har, mariki aku ana rapat
ing kecamatan. Rencanane aku arep resik-resik gudang ing omahku, amarga aku
arep ngedol barang antik sing ana ing gudang sing akeh rosokane, amerga barang
antikku kuwi arep dituku karo kolektor barang antik sing teko jakarta. Lha
aku njaluk tulung sampean kanggo
resik-resik gudang” wangsule Pak Lurah sinambi cerita.
Hari ngrungokne
sinambi ngukur-ngukur sirahe amarga bingung.
“barang antik niku napa to Pak?”
pitakon hari sinambi ngukur sirah amarga bingung
“eeee, sampeyan gak ngerti to?
Barang antik kuwi barang lawas sing kena didol maneh” wangsule pak lurah.
“oooo..” wangsule
Hari sinambi mantuk-mantuk tondho wis rodok ngrti.
Sinambi
omong-omongan, ora krasa Hari wis teka ing omahe Pak lurah.
“iki
Har kuncine gudang, sampean bukak dewe. Mengko sampeyan pisah antarane barang
rosokan lan barang antik. Barang antike sampean resiki lan barang rosokan
liyane pn guwak utawa sampean bong wae. Tak tinggal sek merga aku wis telat
Rapat ana kecamatan”
Pak Lurah
langsung budhal ing kecamatan nitih sepeda motore. Lan Hari Lngsung mlebu omahe
pak lurah lan mbukak gudang sing arep diresik ii.
Tekan gudange Pak Lurah Hari
Langsung mbukak lawang gudaang. Hari ngguumun amarga pak lurah nduwe gudang
sing kebek barang-barang lawas.
“akeh tenan barange Pak Lurah. Di
wiwiti tekan endi iki?”
Hari langsung
miwiti kerjone misah-misah barang ing gudang. Ing gudang Pak Lurah ana
barang-barang bekas kayata sandal bekas, ban bekas, botol bekas, kardus-bekas
lan sak panunggalanae. Ana uga patung-batung lawas lan guci-guci kuna.
“jare pak lurah mau
barang antik kuwi barang lawas sing kena didol maneh. Sing endi ya sing kena
didol maneh?” Hari nggolek ii barang-barang sing kena didol maneh kaya apa sing
diperintahake Pak Lurah.
“ooh, iki ana sandal-sandal bekas
bekas isih iso dienggo, lan ana ban bekas iki isih iso ditambal lan dienggo
maneh. kardus-kardus lan botol beks iki isih kena didol menyang rosokan” Hari
langsung milihi barang-barang bekas sing ana ing gudnge pak lurah banjur
didewkake.
“terus iki ana patung-patung kuno di
ngge opo? Dipajang yo diluk engkas wis gaprek. Lan guci lawas iki dingge pot
kembang jelas pecah amerga lawas. Diguwak wae lah tinimbang ngebeki gudang”
Hari langsung ndewekake guci lan patung kuno iku banjur dipecahi ngganggo palu
terus duguwak.
Sinambi ngenteni
Pak Lurah, Hari banjur nerusake kerjone ngresiki gudang lan ngeresiki barang
sing dikarepake Pak Lurah.
Pungkasane pak Lurah uwes muleh
menyang omahe karo nggoceng wong yaiku kolektor barang antik teka jakarta sing
arep tuku barang antike pak lurah.
“mana
barang antik yang bapak bicarakan? Saya ingin melihtnya. Berapapun harganya
saya akan membelinya karena mau saya pajang di pameran barang antik besok”
kolektor barang antik sing wis ora sabar arep nuku barang antike Pak Lurah.
“barang
antiknya ada di gudang pak, tapi saya juga sudah menyuruh orang untuk membersihkannya
supaya bapak lebih tertarik. Mari masuk dan lihat barangnya pak” wangsule
pak lurah sinambi mlebu menyang omah lan mrani Hari ing Gudang”
“Har! Piye? Wes sampean pilihi
barang antike?” pitakone pak lurah marang Hari
“sampun pak. Sampun kula resiki
pisan” wangsule Hari
Ananging tekan
gudang pak Lurah tolah-toleh nggoleki barang antik sing dikarepke
“loh Har! Endi barang antikku?”
pitakone pak lurah bingung
“lha niki Pak, wonten sandal-sandal
sing isih saget panjenegan damel maleh, lan ban-ban niki saget panjenengan
tambalaken. Lajeng botol-botol Lan kardus-kardus niki saget panjenengan dol ing
bakul rosokan” wngsulane hari lugu.
Pak Lurah kaget
amarga wangsulane Hari.
“la lajeng guci-guci lan patung-patung
kunaku endi?” pitakone pak Lurah sing wis kudu mureng-mureng
“oo.. patung lan guci gaprek niku?
Sampun kula resiki Pak. Kula pecahi banjur sampun kula guwak kersane mboten
ngebaki gudange panjenegan” wangsule Hari lugu
Pak Lurah kaget
kaya ksamber bledeg amarga wangsule Hari sing ngguwak guci lan patung kunone
Pak Lurah.
“waduuuuh biyuuung. Hariiii
koplaaaak. Kuwi ngono barang antik sing arep tak dol menyang kolektor Jakarta,
kuwi ngono regane puluhan juta duuuullll. Duh Gustiiiiii” pak Lurah langsung
lemes amarga barang antike sing rega puluhan juta wis ilang amarga dipecahi
Hari kang ora ngerti barang antik.
“wah nggih ngapunten pak. Kula
mboten mangertos” wangsule Hari lugu.
Pak Lurah lemes
banjur langsung semaput ana gudang. Kolektor barang antik sing tekan jakarta
bingung amerga Pak Lurah semaput. Hari uga bingung lan sing paling dibingungake
Hari kenapa barang kang wis gaprek regane nganti puluhan juta.